kue niki pancen akeh sing seneng, rasane empuk, tur aromane wangi :) sing ajeng ndamel monggo di cobi ^-__^
Keperluan:
250 gr glepung trigu
200 gr gulo putih
2 iji endog pitik
1 sendok teh uyah
1 sendok teh vanilla1 sendok teh emulsifier
200 ml santen, godog nganti umob,ademke.
1 sendok teh pandan pasta
100 gr klopo parutan
200 gr gulo putih
2 iji endog pitik
1 sendok teh uyah
1 sendok teh vanilla1 sendok teh emulsifier
200 ml santen, godog nganti umob,ademke.
1 sendok teh pandan pasta
100 gr klopo parutan
Corone Nggawe:
- Kukus ning dandang, klopo parutan sing wis dicarup karo uyah ± 15 menit.
- Santen dicampur karo pandan pasta godog nganti umob, ademke.
- Endog, gulo putih, uyah, emulsifier, vanille dikocok nganti putih/ mumbul.
- Lebokke glepung trigu setitik2 karo diayak, aduk karo sendok kayu nganti roto.
- Lebokke santen mateng, pandan pasta, campur nganti roto tenanan.
- Siapno citakan putu ayu, lebokke disik klopo parutan-e, lagi nduwure diwenehi adonan mau, karo rodo di-enet2 kareben padet.
- Panaske dandang isi banyu, kukus putu ayu nganti ± 20 menit, banjur diangkat.
- Sajekno karo nduwure di-pyur2-i gulo alus